( SYI’IR GUS DUR ) TANPO WATON



Ngawiti Ingsun, nglalar syi’iran
Kalawan muji marang Pengeran…
Kang paring rahmat lan Kenikmatan
Rino wengine tanpo pitungan…..2X
Alqur’an Qodim, wahyu Minulyo
Tanpo tinulis iso diwoco…
Iku wejangan Guru Waskito
Den tancepake ing njero dodo…2X
Duh… bolo konco, prio wanito
Ojo mung ngaji syareat blokojeroan…
Gur pinter ndongeng nulis lan moco
Tembe mburine bakal sengsoro…2x
Kumantil Ati, lan pikiran
Mrasuk ing padang sampek
Mukjijat Rosul dadi pedoman
Minongko dalan manjinge Iman…2X
Akeh kang apal, Quran  Hadits’e
Seneng ngafirke marang liyane…
Kafire dewe gak digateke
Yen isih kotor ati – akale…2X
Kalawan Alloh, Kang Moho Suci
kudu rangkulan rino lan wengi…
Ditirakati, diriyadlohi
Dzikir lan suluk jo nganti lali …2X

Gampang kebujuk, nafsu angkoro
Ing pepaese gebyare ndunyo..
Iri lan meri sugihe tonggo,
Mulo atine peteng lan nisto..2X
Uripe ayem, rumongso aman
Dununge roso tondo yen iman..
Sabar nerimo najan pas - pasan
Kabeh Tinakdir saking
Pangeran…2X

Ayo sedulur, jok nglalekake
Wajibe ngaji sak pranatone
Nggo ngandelake Iman Tauhite
Baguse sangu Mulyo matine..2X
Kalawan konco, dulur lan tonggo
Kang podo Rukun ojo gae Sio
Iku sunahe Rasul kang Mulyo
Nabi Muhammad panutan kito….2X


Kang aran soleh, bagus atine
Kerono mapan sari ngilmune..
Laku Thoreqot lan ma;rifate
Ugo haqeqot manjing rasane…2X
Ayo nglakoni, sakabehane
Alloh kang bakal,ngangkat Drajate
Senajan Asor toto Dhohire
Ananging Mulyo maqom Drajate…2X
Amung Palastro ing Pungkasane
Ora kasasar Roh lan Sukmane…
Den gadang Alloh Suwargo manggone
Utuh mayite ugo ulese…..2X

KH. Abdurrahman Wahid


Share this

Related Posts

Previous
Next Post »